Friday 11 April 2014

Conto pidhato Atur Pambagyaharja sohibul hajad temantenan :


Conto pidhato Atur Pambagyaharja sohibul hajad temantenan :
Assalamu’alaikaum Wr.Wb.
Bismilahirohmannirohim,Alhamdullilah hirobil’alamin…asolatu wasolamu ngala asrofil ambyai wal mursalim,wangala alihi wasobihi ajmangin…ama bangdu…
Konjuk wonten ngarsanipun bapak kepala desa sajenjang rawatipun.ingkang kula hormati..
Dhumateng para pangemban pangembating praja,ingkang minangka pandam-pandoming kawula dasih ingkang dhahat kinormatan…
Dhumateng para sesepuh pinisepuh aji sepuh ingkang kula bekteni….
Bapak haji ibu hajah para alim ulama ingkang tansah sumandhing kitab wahyuning Ilahi..
Para rawuh kakung sumawono putri ingkang satuhu bagya mulya…
                                                              Kasugengan saha welasing Alloh subhanawatangala mugi tansah kajiwa,kasarira dening para tamu sedaya.
Salam saha sholawat mugi ketetepna dhumateng junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW.ingkang kita ajeng-ajeng safangatipun mbenjang ing dinten kiyamat,…amin
Keparenga kula minangka talanging atur Bapak Raharja sekaliyan ,kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking manah, ingkang sepisan ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah wonten ngarsaning Gusti Allah Subhana Watangala,dene kula lan panjenengan sedaya sampun kaparingan kasarasan saha karaharjan katitik ing wekdal menika kula lan panjenengan saged pinanggih wonten wisma ngriki kanthi mboten manggih alangan setunggal menapa.
Kaping kalihipun Bapak saha Ibu Raharja sakulawarga, ngaturaken pambagya wilujeng saha agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sedaya ingkang sampun kersa rawuh saperlu paring berkah pangestu dhumateng Sri Penganten sekaliyan saha kula sakulawarga.
Mboten kesupen Bapak saha Ibu Raharjo ngaturaken gunging panuwun katur para sedherek,kadang kadeyan pamong mitra,tangga tepalih saha para mudha mudhi sedaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud menapa kemawon.
Sarehning Bapa dalah ibu Raharjo  sakulawarga mboten saged ngaturi piwales menapa-menapa,namung ngaturaken puja puji mugi-mugi panjenengan sedaya pikantuk ganjaran ingkang matikel-tikel saking Gusti Allah Subhanawatangala.
Kaping tiganipun,mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuh paduka saking gupyuh,lungguh saha suguh ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya,kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
                                                              Ing wasana para tamu kasuwun keparenga nglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan menika.
Minangka panutuping atur,mbok bilih anggen kula ngaturaken pambagya harja menika kathah kekiranganipun,kersaa para tamu anglunturaken samodra pangaksama.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.




Conto Pidhato wakil Sohibul musibah (kematian ):
Assalamu’alaikaum Wr.Wb.
Bismilahirohmannirohim,Alhamdullilah hirobil’alamin…asolatu wasolamu ngala asrofil ambyai wal mursalim,wangala alihi wasobihi ajmangin…ama bangdu…
Konjuk wonten ngarsanipun bapak kepala desa sajenjang rawatipun.ingkang kula hormati..
Dhumateng para pangemban pangembating praja,ingkang minangka pandam-pandoming kawula dasih ingkang dhahat kinormatan…
Dhumateng para sesepuh pinisepuh aji sepuh ingkang kula bekteni….
Bapak haji ibu hajah para alim ulama ingkang tansah sumandhing kitab wahyuning Ilahi..
Para takziah kakung sumawana putri ingkang  dahat kinormatan ….
Puja puji syukur Alhamdulillah hirobil ngalamin konjuk wonten ngarsaning Allah Subhanawatangala…saking paringipun kesarasan saha kanikmatan dhateng kula lan para takziah sedaya.
Salam saha sholawat mugi ketetepna dhumateng junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW.ingkang kita ajeng-ajeng safangatipun mbenjang ing dinten kiyamat,…amin
Para takziah sedaya keparenga kula minangka wakilipun keluwarga musibah saha para ahli waris kulawarga almarhum/almarhumah…… ingkang nembe bela sungkawa ngaturaken ginging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjenengan sami ingkang sampun kersa ngrawuhi saha paring pakurmatan upacara angkatipun suwargi almarhum/almarhumah………………..
Kejawi menika para ahli waris keluwarga………………inggih ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para snak sedherek,pamong mitra tangga tepalih ingkang sampun kanthi ikhlas paring pambiyantu menapa kemawon,mugi-mugi sedaya sih kadarman saha amal kesaenan panjenengan angsala pinwales saking Allah subhanawatangala.
Selajengipun kita suwun mugi-mugi arwahipun almarhum/almarhumah…..angsala berkat rahmating Allah SWT,pinaringan jembar kuburipun saha pinaringan padhang marginipun saha dipun apunten sedaya dosa-dosanipun.
Wondene sedaya keluwarga ingkang tinilar pinaringan manah ikhlas,rila saha narima ing takdir,pinaringan sabar lan tawakal/
                                                              Wasana mbok bilih nalika sugengipun almarhum/almarhumah kathah kalepatanipun,para waris nyuwunaken gunging pangapunten.,mbok bilih wonten klenta-klentuning atur kula,kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.




No comments:

Blog Archive